Mongtor Drinding dan Crito Ngalor Ngidul

 

Gambar dari mbah gugel. Tapi drindingku mrotholi dan wes gak enek atom irenge 😂


Biyen bar lulus SMA, aku kerjo nang Tourism Information Center, Bandara Juanda. Aku kerjo mergo selain patah hati gak ketrima di kampus UI impianku, yo mergo gak punya biaya buat kuliah. Plus agar supaya biyar bisa kirim-kirim sedikit koin receh buat Emakku jajan bothok ati. Eheee. Tur, agar supaya bisa warnetan (hobi internetan ancen) 😄😄.  


Aku jik eling, pas kerjo nang bandara internesyenel Juanda, tumpakanku biyen mongtor alfa (disilihi mas ipe). Kusebut dia mongtor drinding. Mongtore kemoprol. Kuncine sendok. Sendoke dikareti nang sandinge stang. Tapi dijamin anti maling. Yo tahu kadang ilang. Tapi gak dimaling, cuma dipindahi para satpam mergo ombrak-ambruk jagangane 😄😄. Alasan lain, paling yo dipindahi mergo nglarani mripat barang 🙈 (halah, asumsi!).


Mongtor drinding paporitku kuwi, kecepatan maksimale 40 km/jam. Kadang nak shift sore muleh bengi, digodaki kirik liar sekitar bandara 😂. Mana kabele pedhat-pedhot 😂. Ndadak ngresiki busi nang tengah sawah bandara gawe gombal baru muni neh mongtore. Wes ngono, suarane bouanter: "dring...ding ding...ding...! ethek-ethek ethek...!" Jare kanca kantor, "Mongtore laila i nggarahi menarik perhatian para satpam ae". Ngono kancaku yo makmur. Goro-goro ono satpam-satpam jenenge Mujahir Muhajir, bendino nggawakne sego tapi aku wegah. Akhire cah-cah kantor kuwi sing maem 😄🙈. Meski menarik perhatian satpam-satpam, mongtor kuwi bakoh. Ndrinding Suroboyo-Kediri ae kuat, meski lampune mati nang tengah ndalan. Lengkap sudah. 😂


Pas setahun setengah kerjo, mongtor drinding sempat tak tinggal diluk buwat ke Jakarta mergo didaftarne kancaku audisi pilem KCB (Ketika Cempe Bertasbih Cinta Bertasbih) dan lolos ko Suroboyo. Pas nang Jakarta, sing audisi waktu iku Neno warisman. Waktu iku, pas tukang sotinge muni: "kamera, roll, action!", aku cuma apal dialog kira-kira omong: "Oh iya... siapa ya? " Wes omong ngono thok kiro-kiro 😄😄. Jare Neno Warisman, aktingku kurang sip. Walhasil, tentu saja gagal hahaha. Lhawong pancen gak gablek akting 😄🙈. Mbuh lapo kancaku ndaftarne. Padahal aku ki lebus. Aneh-aneh wae ancen. 


Gagal audisi, aku nyandak si drinding maneh (kiro-kiro 2 tahun kerjo). Bukan buat kerjo, tapi supaya diusung ke Kediri. Aku pulang ke Kediri karena diutus Emak sing kongan-kangen ae nelpan-nelpon kantor cuma nanya hal sepele misal: "wis maem durung? " Utowo cuma wadul masalah Aldo sing sms REG spasi GOKIL gawe hapene emak. Karepe ben entuk ringtone sing unine: "uk.. ik.. uk..ak..ak.. thing..thing..wala wala thing thing... ". Ndilalah kersane Gusti, ringtone gak kenek, pulsane Emak sing jug-ujug telas. Kadang yo Makku dhewe sing daftar REG spasi ZIKIR. Hasilnya yo seperti REG spasi GOKIL. Zikire gak keunduh, tapi pulsane kesedot. 🙈


Pada akhire, aku berpisah dengan si drinding sing aku lali nang ndi parane (koyoke rusak), dan resign ko Suroboyo (tapi surat resigne keri, kaet sak iki jek tak simpen gurung tak kasihkeun🙈).


Map MLM keplok-keplok
Pisah dari drinding, balik Kediri aku klunthang-klunthung dijak Mbak Ain melu MLM an jenenge synergy worldwide. Kaet sak iki mape jik tak simpen gae kenang-kenangan. Uplineku Mbak Ain. Aku disilihi laptope wonge ko Hongkong kon presentasi rona-rene nganti tekan Pekalongan barang (diterke Masapak numpak kereto ekonomi, padahal pengene dhewe 😁), dan seperti biasa, ditolaki. Iku pertama kaline aku nyekel laptop dan akhire selain MLM an yo belajar-belajar ngoding html/css nang website w3school. Iku pertama kaline juga aku punya website indoturki.com, sing ngewangi daftar yo Mas Iqbal (nyapo kok web e indoturki? rencanane ape ngayal nikah karo wong Turki kenal online, tapi yo tentu saja ga pareng. Hahaha. Terutama karo Masamun, Mas mbarep sekaligus musuh bebuyutan perang-peranganku. hahaha. Sampek Mas Iqbal ape ngewangi supaya diijinkan. Pada akhirnya diijinkan Masamun, tapi trus mbuh lapo ujug-ujug bar dhewe. Kalah mandi karo dongane Emak. Hahaha 🙈. Jebul malah ujug-ujug saling tertarik dan nikah sama mas Iqbal  😄).


Oke mbalik maning nang topik MLM. Kanca-kancaku terutama sing jenenge Primbon, keweden sampekan tak prospek dadi downline bwahaahaa. Jare aku maleh koyok badut. Lha ancen ok. Lha MLM-an iku kerjone rono rene keplok-keplok:

"Salam sungseees! oplok-oplok oploook...."

Malah Makku yo tak jak mitang-miting keplok-keplok barang... Beliau tidak ikut keplok-keplok dan hanya bisa pasrah memandangi anaknya semangat presentasi.😄🙈

"Salam sungseees! Plok oplok oplok..."

Mesti ngono jare Masapak dan Mas Iqbal nggambarne wong-wong MLM 😄 (Mas Iqbal biyen tahu MLM: Amway. Produke sabun nyeket ewuan 😄). 

Wesalah...

Tapi hikmahe melu MLM, tetap semangat, dan tambah kuat mental gak nduwe isine 🙈.


Oh iyo, biyen onok kanca apikan banget asline, tapi kelaran paling, sing tahu ngelokne aku ngene:

"Dasar yatim, miskin, rumah reot seperti gubuk, baju butut. Kamu tu gak punya baju ya. Bajumu kok itu-itu aja. Duta wisata kok jadi sales MLM. Daripada jadi sales MLM, mending kamu entasin tuh kemiskinan keluargamu yang gak pernah makan enak itu."


Biyen dilokne ngono iku lara, tapi akhire tak pikir lucu. Lha sing diomongne bener kabeh i hahahaahaa. Dan pesane memang apik. Tapi terus terang aku kok gak isin ya. Kaet saiki pacakanku yo panggah ngono kae sak karepe dhewe. Nggawe clono kothak-kothak yo biasa wae. Opomaneh aku ndelok seniorku lulusan Ostrali kok nggawe klambi suwek-suwek sandalan nang lab yo pede ae iiii. Ngono wong wi yo sing paling disegani sisan nang Lab. Disegani kuwi dudu dikeki sego, tapi dicintai sekaligus ditakuti 😄🙈.

Dring...ding ding ding...!

"Salam sungseeees! Plok oplok oplok..."

Crita apa adanya gawe ponakan. 🙈

PS: 1) Mongtor drinding iku keren. 2) Mbesuk nak gedhe, ga sah melu-melu MLM an garahi kon keplok2 terus. Wong ndeso kok kon tuku jamu paitan rego nyatusan ewu. Yo ra masuk blas. 3) Tapi nak pengen nggembleng mental ben biasa ditolaki dan dilokne, gapopo jajalen. 😄 4) Critone Mas Iqbal luwih seru, pedhah unto wedok. Sok tagihen kon crito. 😁



Komentar

Populer